TUGAS BAHASA JAWA WIDYASWARA KALIYAN WIDYATEMBUNG
Widyaswara inggih punika ngelmu ingkang ngrembag lan nyinau
bab swanten (fonologi). Widyaswara dumados saking tembung widya = ngelmu, swara
= uni. Widyaswara ateges ngelmu ingkang ngrembag lan nyinau bab swanten/uni.
Swanten ingkang dipunrembag ing mriki, inggih punika swanten ingkang wonten
tegesipun sanes ingkang boten wonten tegesipun.
1. Swanten.
Swanten punika mungelipun angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk. Medalipun swanten wau wonten ingkang mawi pancadan gorokan, cethak, ilat, untu utawi lambe, lan wonten ingkang boten mawi pancadan punapa-punapa. Adhedhasar medalipun swanten, fonem basa Jawa saged dipunpilah dados kalih, inggih punika, swanten gesang (vokal) lan swanten pejah (konsonan).
Swanten punika mungelipun angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk. Medalipun swanten wau wonten ingkang mawi pancadan gorokan, cethak, ilat, untu utawi lambe, lan wonten ingkang boten mawi pancadan punapa-punapa. Adhedhasar medalipun swanten, fonem basa Jawa saged dipunpilah dados kalih, inggih punika, swanten gesang (vokal) lan swanten pejah (konsonan).
a. Vokal = swanten ingkang gadhah ungel utawi swanten ingkang mungel jalaran
medalipun angin saking paru-paru ingkang kawedhar lumantar tutuk boten wonten
ingkang ngalang-alangi. Inggih punika: a swara miring (aku), a swara jejeg
(sapa), o (obah), i (ilang), u swara jejeg (urip), u swara miring (biyung), e
swara jejeg (ewuh), e pepet (elar) lan e miring (estu).
b. Umlaut = Owahipun vokal ing wandanipun tembung, jalaran kawuwuhan panambang
tinamtu (modifikasi vokal). Utawi owahipun swantena miring dados jejeg jalaran
kawuwuhan panambang. Ing basa Jawa umlaut dipilah dados kalih:
1) Owahipun swanten kendho dados kenceng. (arit + e = arite, jagung + e =
jagunge, siwur + e = siwure).
2) Owahipun swanten wingking dados ngajeng. (arta + e = artane, dina + e =
dinane, liya + e = liyane).
c. Vokal rangkep = diftong = vokal cacah kalih ingkang benten wujudipun lan
dumunung ing satunggalinipun wanda tembung. Manawi wonten vokal rangkep nanging
boten dumunung ing wanda, swanten rangkep punika boten saged dipunwastani
diftong.
2. Konsonan
Konsonan punika swanten ingkang tanpa ungel utawi swanten ingkang dereng mungel manawi dereng dipunsambung kaliyan vokal. Kaanggep swanten ingkang tanpa ungel jalaran angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk dipunalang-alangi lambe, untu, ilat, cethak lan gorokan.
Konsonan punika swanten ingkang tanpa ungel utawi swanten ingkang dereng mungel manawi dereng dipunsambung kaliyan vokal. Kaanggep swanten ingkang tanpa ungel jalaran angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk dipunalang-alangi lambe, untu, ilat, cethak lan gorokan.
a. Swanten lambe (konsonan bilabial) = p, b, m, w.
b. Swanten untu (konsonan dental).
c. Swanten cethak (konsonan palatal) = c, j, ny, y.
d. Swanten gorokan (konsonan velar) = k, g, ng.
e. Swanten Laringal (hamsah = h , tuladha hapsara) utawi Glotal (swanten
ampang = k ampang).
3. Obah-owahe swanten.
Owahipun swanten
nanging boten ngowahi suraosipun tembung. Obah-owahipun swanten amargi katambah
utawi dipunsuda swantenipun punapadene swanten ingkang ngalih papan. a. Panambahing
Swara.
1) Protesis = tambahipun swanten ing wiwitanipun tembung. (nanging – ananging,
jare – ujare, ana – nana, ing – ning adi – hadi).
2) Epentesis = tambahipun swanten ing tengahipun tembung. (kambil – krambil,
akasa – angkasa, ngipi – ngimpi, upama – umpama).
3) Paragog = tambahipun swanten ing pungkasanipun tembung. (ora – orak, ibu –
ibuk).
b. Panyudanipun Swanten (abreviasi).
Aferesis = sudanipun
swanten ing wiwitanipun tembung. (kakang – kang, uwong – wong, bapak – pak,
bisa - isa, simbah – mbah).Tembung madya saged klebet aferesis, awit tembung
madya racakipun saking tembung wetah ingkang namung dipunpendhet sakperangan.(panjenengan
– njenengan, dhateng – teng, mangga – engga).
1) Sinkop = sudanipun swanten ing tengahipun tembung. (sethithik – sithik,
temenan – tenan, njaluk – njuk, dhuwit – dhit, weneh – weh).
2) Apokop = sudanipun swanten ing pungkasanipun tembung. (temenan – temen,
kuluban – kulub, bakyu – bak, dhimas – dhi).
c. Gesehipun Swanten.
Gesehipun swanten wonten ingkang jalaranipun liru papan lan wonten ingkang jalaranipun swanten ingkang sami.
Gesehipun swanten wonten ingkang jalaranipun liru papan lan wonten ingkang jalaranipun swanten ingkang sami.
1) Metatesis = owahipun swanten jalaran lintu dunungipun swanten. (wira-wiri =
riwa – riwi, sruput – srutup, bejad – jebad).
2) Desimilasi = owahipun swanten jalaran wonten swanten ingkang sami. Swanten
ingkang sami ing tembung, lajeng dipundadosaken swanten sanes. (lara-lara =
lara-lapa, rara-ireng = lara-ireng).
d. Variasi bebas.
Wujud lira-lirunipun
swanten tanpa ngowahi suraosipun tembung. Lira-lirunipun swanten punika asring
kedadosan antawisipun swanten ingkang nunggil asal.
Upaminipun antawisipun swanten b lan w, d lan t, ka lan g. (bulan – wulan, bengi – wengi, bae – wae, dakjupuk – takjupuk, kegedhen – gegedhen).
Fonem vokal ugi saged lira-liru tanpa ngowahi suraosipun tembung inggih punika swanten a lan swanten e. (takon – tekon, lanang – lenang, sadaya – sedaya).
Upaminipun antawisipun swanten b lan w, d lan t, ka lan g. (bulan – wulan, bengi – wengi, bae – wae, dakjupuk – takjupuk, kegedhen – gegedhen).
Fonem vokal ugi saged lira-liru tanpa ngowahi suraosipun tembung inggih punika swanten a lan swanten e. (takon – tekon, lanang – lenang, sadaya – sedaya).
e. Asimilasi.
Owah-owahanipun swanten
amargi njumbuhaken kaliyan swanten sanesipun ingkang wonten ing tembung.
Tuladha :
1. Tembung upama – umpama (wontenipun swanten m ing tembung, punika kedaya
saking swanten p ingkang mapan ing sisihipun fonem.
2. Tembung jumlah – jumblah ((timbule swara b ing tembung punika kedaya saking
swanten m ingkang mapan ing sisihipun fonem.
Widya tembung punika ngelmu ingkang
nyinau bab tembung (morfologi). Tembung punika rerangkening swanten ingkang kawedhar lumantar tutuk ingkang ngemu teges lan kasumurupan
suraosipun.
1. Wujudipun tembung
a.
Tembung
Lingga (kata asal/dasar). Inggih punika tembung ingkang tasih wetah/wungkul/
wantah/asli, ingkang dereng rinaketan imbuhan. Tembung lingga wonten ingkang
namung sawanda, kalih wanda, utawi tigang wanda. Wanda (suku kata).Tuladha :
gong, bom, las, cet, pari, pitik, wajan, jagung, rekasa, kulina, padharan,
mustaka.Wod = akar kata. Wujudipun namung sakecap utawi sawanda. Sor, lur lan
sup. Saged dipunpadosi tegesipun cendhek, dawa lan mlebu.
·
Endhek : asor, dlosor, ngisor.
·
Dawa : alur, ulur, mulur.
·
Manjing : susup, angslup, tlusup.
·
Etimologi : ngelmu ingkang nyinau tembung lingga
ingkang asalipun saking tembung wod.
b.
Tembung
Andhahan.Ing basa Indonesia dipunwastani kata jadian, lan tembung insampun owah
saking lingganipun amargi dipunwuwuhi imbuhan. Wonten ingkang mastani bilih
tembung andhahan punika tembung lingga ingkang sampun dipun rimbag.
Pangrimbagipun tembung lingga dados tembung andhahan, kanthi muwuhaken imbuhan
ing ngajeng, tengah utawi ing wingkingipun tembung lingga.
Imbuhan (afiks), wonten sekawan (4) inggih punika :
1)
Ater-ater
Ater-ater punika imbuhan ingkang mapan wonten kawitanipun
tembung/ngajeng tembung. Ater-ater ing basa Jawa kathah sanget kawimbuhan,
ater-ater anuswara : a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pa anuswara-, pi-, pri-,
pra-, tar-, kuma-, lan kapi-. Ater-ater wau panyeratipun tansah gandheng
karliyan tembung linggane.
2)
Seselan
·
Seselan
-um- --------- puminter – kuminter
·
Seselan
-in- --------- tinulis
·
Seselan
–er- lan -el- gerandhul, kelepyar
3)
Panambang
·
panambang
– lan ------ tambani
·
panambang
– a ----- tangia
·
panambang
– e (-ipun) ---- tindake, tindakipun
4)
Imbuhan
bebarengan
a)
Imbuhan
bebarengan rumaket :
·
Imbuhan
ka – - an ------ kabledhosan
b)
Imbuhan
bebarengan renggang.
·
Imbuhan
A- - lan (Anuswara - -lan) ---nyokoti
Tembung Rangkep
1)
Dwipurwa.
------ bebungah
2)
Dwilingga.
------ takon-takon
3)
Dwiwasana.
----- cekikik
Tembung Camboran.
1)
Camboran
Wutuh. ------ dhadha menthok
2)
Camboran
Tugel. ------ lunglit
2.
Jinising
Tembung
a. Tembung Aran (kata benda/nomina). Inggih punika tembung ingkang
nerangaken naminipun barang utawi punapa kemawon ingkang dipunanggep barang.
b. Tembung Kriya (kata kerja/verba). Inggih punika tembung ingkang
nerangaken solah bawa utawi tandang gawe.
c. Tembung Sifat (adjektiva), ugi sinebat tembung watak utawa kaanan,
inggih punika tembung ingkang saged nerangaken kawontenan utawi watak
satunggaling barang utawi bab.
d. Tembung Katrangan
(adverbia), inggih punika tembung ingkang nerangaken tembung sanes.
e. Tembung Sesulih (kata ganti
utawa pronominal), inggih punika tembung ingkang dipunginakaken minangka
sesulihipun tiyang, barang utawi punapa kemawon ingkang dipunanggep barang.
DAFTAR PUSTAKA
Gorys Keraf. 1994. Komposisi. Jakarta : Nusa Indah.
----------------, 2001. Argumentasi dan Narasi. Jakarta : Gramedia,
Imam Syafi’ie, Imam Subana. 2003. Terampil Berbahasa Indonesia 1.
Jakarta : Balai Pustaka.
Mangunsuwito. 2002. Kamus Bahasa Jawa (Jawa – Indonesia). Jakarta :
Yrama Widya.
Mangunsuwito. 2002. Kamus Bahasa Jawa (Jawa – Jawa). Jakarta :
Yrama Widya.
M. Abi Tofani. Sari-sari Basa Jawi Pepak. Tuban : Amanah.
Purwadi. 2005. Ensiklopedi Kebudayaan Jawa. Yogyakarta. Bina Media.
Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka. 2001. Paramasastra Gagrag Anyar
Basa Jawa. Jakarta
Yayasan Paramalingua.
Suyono Darnoatmojo. 2000. Puspita Adi. Surakarta : Dharma Media.
Zetmulder. 2004. Kamus Jawa Kuna Indonesia. Jakarta : Gramedia
Pustaka Utama.
Http://yonosmagasolo.blogspot.com/2009/10/cathetan-ringkes-dening-suyono-s.html(Diakses pada hari Jumat tanggal 16 Mei pukul 16.15 WIB)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar